Rabu, 25 Juni 2014

cerkak


 MUNG TEKAN SEMENE
            Esuk iki pas dina prei, papan pelancongan Taman Lele rame. Akeh para pelancongan mudha- mudhi, pasang-pasangan, golek papan lungguhan kang kepenak. Njur ora lali padha foto-fotonan. Semono uga Aku kang ora pisah karo tustelku, njupuk objek gambar pemandangan lan kewan.
“ Mas nuwun sewu, saged kula nyuwun tulung? Kula kepingin foto kaliyan keponakan kula, saged dipun fotokaken ? niki tustel Kula taksih enggal dereng nate dipun angge”. kandhane karo ngulungaken tustele.
“ Matur nuwun banget lho Mas”. Kandhane durung nganti tustele dak ulungake, dheweke kandha.
“ Sepindhah malih tulung Mas, potretke keponakan kula piyambakan, mboten kewratan ta?”.
“ah... ayu temen bocah iki!” batinku. Cepet-cepet bocah ayu sing lagi action iki dak close up.
Tustel dak ulungake, cepet-cepet ninggalake Taman Lele. Nganti lali ora kenalan bocah mau sapa jenenge lan nang ndi omahe.

            Sawijining dina aku lunga marang pantai Sanur, aku meng kana karo kanca akrabku, Riski. Senajan pemandangan nang kana apik aku lan Riski njupuk obyek gambar kanggo dikoleksi. Pas aku lan Riski njupuk obyek gambar aku krungu suara bocah sing njaluk tulung. Aku lan Riski age-age ngguyak asal suara kuwe, jebule asal suara kuwe sekang bocah sing ketilem yen lagi renang. Aku langsung nglungake tustelku marang Riski lan aku langsung njegur meng banyu kanggo nulungi bocah mau, lan bocah mau kuwe tak gawa maring pinggir pantai. Sawise sadar, bocah kuwe ngguyaki bu likke. “bu lik... bu lik...”. suara aluse bocah kuwe. Aku lan Riski ya ra ngerti bu likke bocah kuwe nangendi. Pas aku arep nakokna bu like mau nang ngendi, ana mba-mba nggawa wedang lan bungkusan roti, lan kayane lagi kebingungan. Aku marani mba-mba kuwe lan Riski njaga bocah mau.
“Mba, nuwun sewu, seg nggolei apa ta?” kandhahku.
“iku mas, ngerti mboten bocah sing mau lagi renang nang kana”. Jawabe.
Aku terus ngajak mba’e kuwe marang bocah sing mau. Ye bener, Mba kuwe bu likke bocah kuwe. “Bu lik lan ponakan koh padha bae mudhane”. Batinku. Owalah  aku tembe nyadar, aku wes tau ketemu karo bocah loro kuwe nang Taman Lele wingi-wingi nane. “Mas matur nuwun ya mas, wes nulung ponakan kula, yen ra nana mas-mas ponakanku mbuh kepriwe” kandhane.
“Ya padha-padha”. Jawabe aku lan Riski.
“Mba napa kelalen marang kula”
“O... mas sing nulungi motokaken aku lan ponakan aku ya?”
“Ya, mba kenalake aku Andi lan iki kancaku Riski”.
“Aku Dani lan iku ponakanku Putri”.
Sawise crita-crita uga wes sore aku lan Riski bali.
            Nang ngumah aku dadi mbayangna Dani bae, kayane aku tresna temenan marang Dani. Aku dadi kangen. Sadinane maning aku lan Riski maring Pantai Sanur arep ketemu Dani. Pas agi perjalanan Riski palah crita, anggere Riski uga seneng marang Dani. Aku ya pan ngomong marang Riski dadi ora kepenak. Tapi tak wanikna aku ngomong marang Riski, tapi Riski ra gela palahan Riski ngajek, jajal sapa sing bisa ngrebut atine Dani karo cara sing ditolak kudu bisa nrima. Pirang wulan lawase aku wes cepak karo Dani. Jane aku wedi mbokan persahabatane aku karo Riski bisa dadi musuhan gara-gara Dani. Sadinane Dani ngomong marang aku. “Ndi sebenere aku tresna karo kowe, apa kowe gelem karo aku?” Aku dadi bingung arep njawab apa?. Terus aku marani Riski lan aku ngomong “Aku mundur, aku ra bisa ngrebut atine Dani”. Riski njawab “Apa sebabe?” “Orapapa” jawabe aku.
            Sadinane maning Dani malah cerita marang Riski, anggone Dani tresna marang aku. Terus Riski meng ngene aku lan ngomong “Ndi, jane Dani wes ngomong marang kowe yen Dani tresna marang kowe, tapi ngapa kowe ra jujur karo aku?”
“aku wedi mbokan kowe gela karo aku lan mengko dhewek dadi musuhan” kandhahku.
“Ya ora, kan aku wes ngomong sapa sing ditolak kudu bisa trima ta?”
“Dadi kowe ora gela?”
“Ya ora, ye wes cepet ngomong Dani nek kowe uga tresna karo Dani”
“ya matur nuwun ya, kowe pancen kancaku sing paling apik”.
Aku langsung lunga lan marani Dani aku ngomong marang Dani, aku uga tresna karo kowe Dan, wis wulan-wulanan aku lan Dani pacaran. Pas aku karo Riski lagi jalan-jalan Dani njaluk ketemuan karo aku. Aku ngomong marang Riski, aku lunga ndesek.
            Sawise ketemu, Dani nuduhake tangane yen nang tangane ana sesupen, kaya wong  wes tunangan. “apa iki?” aku kaget lan bingung. “Mas, aku wes dijodohna marang ibu lan bapakku lan minggu ngarep aku arep nikah”. Kandhane Dani karo nangis. “Ya wes ora papa, nuruti bae apa karepe bapak ibumu. Anggep bae hubungan iki mur mimpi sing apik. Mung Tekan Semene”.

karya :dewirahmawati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

terimakasih atas komentar yang anda berikan