Tampilkan postingan dengan label cerkak bahasa jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label cerkak bahasa jawa. Tampilkan semua postingan

Rabu, 25 Juni 2014

cerkak


14 februari
karya : Indriyana P




Ing dina senin Sma N 1 Jakarta arep nganakake upacara peringatan ulang tahun utawa dina dadine Sma.
Kepala Sekolah wis ngumumaken pas dina setu kuwi yen dina senin arep dianakake upacara peringatan sma, supaya dina senin ora ana sing telat utawa mangkat kawanen.

Pas dina senin jam 07.00 murid-murid lan guru-guru wes pada kumpul utawa baris ning lapanagan nanggo seragam lengkap lan rapi.
Ing tengah-tengah upacara kuwi mau ana sing nganjel utawa aneh menurute kepala sekolah , dong dipikir-pikir ternyata Ratih, Yogi , lan Reni wes gadeg nang sebelah tiyang bendera.
Bocah 3 kuwi telat amargi mikrone mogok lan pada tangi kawanen.

cerkak


SYUKURAN
Pak Bejo wis tampil rapi, nganggo peci ireng,ageman koko putih lan sarungan kotak-kotak biru. Pak Bejo jumeneng nang ngarep lawang daleme, nyambut tamu undangan. Pas wingi, laying syukurane sing jumlahe 200 lembar wis dikirim maring dalem-dalem tanggane lan kanca-kanca cepak.
Nang ruang keluarga sing ambane wis mirip kaya aula kue, Bu Inem sibuk nyiapna dhaharan sing istimewa. Nang ndhuwur meja dawa sing disarapi kain ijo, ana gule, opor ayam, ayam goring, daging sapi, sate ayam, sate kambing, sop buntut, ayam bakar, lan sambel ati. Lan ana macem-macem buah seger : apel abang, anggur ijo, jeruk impor peer lan gedang mas. Kambi wajah sing nyenengan pak Bejo nglirik jam. Wis jam 19.30. pak Bejo niteni, tamu undangan arep rawuh pas jam 20.00, kaya waktu sing ana nang laying. Suwe-suwe jam wis nang angka 19.55 tapi urung ana tamu sing rawuh. Bu Inem kesusu metu sekang ruang kluarga, rampung nyiapna dhaharan sing istimewa.

cerkak


 MUNG TEKAN SEMENE
            Esuk iki pas dina prei, papan pelancongan Taman Lele rame. Akeh para pelancongan mudha- mudhi, pasang-pasangan, golek papan lungguhan kang kepenak. Njur ora lali padha foto-fotonan. Semono uga Aku kang ora pisah karo tustelku, njupuk objek gambar pemandangan lan kewan.
“ Mas nuwun sewu, saged kula nyuwun tulung? Kula kepingin foto kaliyan keponakan kula, saged dipun fotokaken ? niki tustel Kula taksih enggal dereng nate dipun angge”. kandhane karo ngulungaken tustele.
“ Matur nuwun banget lho Mas”. Kandhane durung nganti tustele dak ulungake, dheweke kandha.
“ Sepindhah malih tulung Mas, potretke keponakan kula piyambakan, mboten kewratan ta?”.
“ah... ayu temen bocah iki!” batinku. Cepet-cepet bocah ayu sing lagi action iki dak close up.
Tustel dak ulungake, cepet-cepet ninggalake Taman Lele. Nganti lali ora kenalan bocah mau sapa jenenge lan nang ndi omahe.