SYUKURAN
Pak
Bejo wis tampil rapi, nganggo peci ireng,ageman koko putih lan sarungan
kotak-kotak biru. Pak Bejo jumeneng nang ngarep lawang daleme, nyambut tamu
undangan. Pas wingi, laying syukurane sing jumlahe 200 lembar wis dikirim
maring dalem-dalem tanggane lan kanca-kanca cepak.
Nang
ruang keluarga sing ambane wis mirip kaya aula kue, Bu Inem sibuk nyiapna
dhaharan sing istimewa. Nang ndhuwur meja dawa sing disarapi kain ijo, ana
gule, opor ayam, ayam goring, daging sapi, sate ayam, sate kambing, sop buntut,
ayam bakar, lan sambel ati. Lan ana macem-macem buah seger : apel abang, anggur
ijo, jeruk impor peer lan gedang mas. Kambi wajah sing nyenengan pak Bejo
nglirik jam. Wis jam 19.30. pak Bejo niteni, tamu undangan arep rawuh pas jam
20.00, kaya waktu sing ana nang laying. Suwe-suwe jam wis nang angka 19.55 tapi
urung ana tamu sing rawuh. Bu Inem kesusu metu sekang ruang kluarga, rampung
nyiapna dhaharan sing istimewa.
“wis
aywene geneng urung pada rawuh ya, Pak?” takone bu Inem kambi wajah tegang. “anu
wong-wong kene pada disiplin banget bu. Kayane arep rawuh tepat jam wolu. Lima
menit maneh. Jawabe pak Bejo kambi wajah sing tiba-tiba dadi tegang uga.
Bu
Inem mutung. “uh! Ngrawuhi undangan syukuran masa nang pas jame. Dasar sok
disiplin.” Ngendikane bu Inem kambi wajah nesu.
Pak
Bejo uga labuh nesu, sebab urung ana tamu undangan sing rawuh maring daleme.
Pak Bejo labuhtakon-takon, kenangapa tangga cepake uga urung pada rawuh,? Apa
lagi pada ora nang dalem? Pak Bejo pancen urung kenal kabeh maring tetanggane,
sebab nembe bae pindahan sependak kiye. Dalem anyare sing megah tingkat loro
iku manggon nang tengah-tengah lemah kosong nang tengah perumahan iku.
Mbiyen,
pak Bejo mundhut sejumlah kaplingan sekaligus, lan nang bagian tengah kaplingan
iku pak Bejo ndirikna dalem megahe iku. Saiki, daleme iku siji-sijine dalem
sing paling megah nang kawasan perumahan iku. Dalem-dalem tetanggane gur tipe
sing biasa.
“apa
kabeh tanggane lan kanca-kanca cepak panjenengan ora ana sing gelem rawuh,
pak?” takone bu Inem kambi wajah nesu.
Sabar
bu. Kayane wis dadi kebiasaan nang ndesa iki, nek ngrawuhi undangan pada
terlambat.” Pak Bejo njajal ndolani awak.
“tapi
iki wis liwat limolas menit, pak.” Mbalik pak Bejo nglirik jam. Pancen wis
liwat limolas menit sekang jam wolu. Wajah bu Inem lan pak Bejo ndadi tegange,
sebab menit-menit selat suwe kliwat akeh, namung urung ana siji-sijia tamu
undangan sing rawuh.
Telu
wong pembantu lan loro supir katon cengar-cengir nang ngarep lawang ruang
kluarga. Kabeh mesti ngarepna ben syukurane iku gagal., utawa gur sitik tok
sing rawuh. Sebab, nek syukurane iku gagal, utawa sing rawuh setitik kang
bagian tamu undangan, dadine bakal ana akeh luwihan dhaharan sing bisa digawa
mulih kanggo didhahar bareng kluarga nang dalem.
Saiki
wis jam 21 kurang 10 menit. Lan tetep urung ana sijia wong tamu undangan sing
rawuh. Kambi wajah nesu, pak Bejo banjur njajal telpon kanca-kanca cepak sing
wis diundange. Naming jebule kabeh pada nonaktifna hpne. Sedangkan telpon nang
dalem kabeh pada uga ora bisa nyaut.
“apa
perlu dewek ngongkon supir-supir iku nggo ngingetna tangga-tangga cepak ben
cepet pada rawuh, pak? Bu Inem bingung.
“ah ora usah repot-repot bu.”
“tapi kepriwe nek syukuran wengi iki gagal,
pak?
“nek ora ana sing rawuh, dewek justru
ora repot-repot bu.”
“panjenengan iki kepriwe si, pak?
“ah, uwislah bu. Sing penting, nadzar
dewek ngadakna syukuran wis dilakukna. Lan nek nyatane ora ana sing rawuh, dudu
urusane dewek. Dhaharan sing wis disiapna, bisa digawa mulih nang supir-supir
iku.”
Bu
Inem banjur meneng. Naming atine risau. Bu Inem ngira, kabeh tanggan lan
kanca-kanca cepak wis ngerti babagan pak Bejo iku pejabat sing korupsi. Dalem
megahe iku uga hasil korupsi.
“nek
ngantek jam 21 mengko urung ana tamu sing rawuh, dewek tutup bae lawang pager iki,
lan kabeh lampu dipateni, bu.” “aku wis sayah, pengin cepet sare. Ngesuk aku
duwe akeh acara penting. Ana rapat nang hotel.” Pak Bejo katon labuh putus asa.
Bu
Inem banjur cepet-cepet mlebu maring kamar sarene. Rasa kesel campur nlangsa
ora bisa dibendunge. Bu Inem terpekur kambi ngaca nang meja rias. Saiki, bu
Inem katone lagi ditelanjangi nang tanggane lan kanca-kanca cepak. Kabeh pada
ora gelem ngrawuhi mesti anu ora sudi ndhahar hidangan sing sekang duit hasil
korupsi.
Saiki,
ng ngendi-ngendi pancen lagi ana gerakan mengutuk kabeh koruptor. Saiki, kabeh
pejabat sing urip mewah-mewahan lan duwe dalem megah wis dadi omongan
masyarakat nang sekitare. Lan wiwit muncul gerakan ngutuk kabeh koruptor, pak
Bejo katon risau. Banjur, bu Inem nyaranaken nggo ngadakna acara syukuran kambi
ngundang kabeh tangga lan kanca-kanca cepak. Nang syukuran iku, selain nikmati
dhaharan istimewa, kabeh tamu disuwuni nggo maos doa bareng sing arep dipimpin
nag ulama.
“nek
dalem sing dewek bangun wis dipanggoni, dewek pancen kudu ngadakna syukuran,
bu.” Ngendikan pak Bejo.
“banjur
bu Inem ngendika nek jere pak Bejo iku sebagai nadzar sing kudu dilaksanakaken
. lan saiki nadzar iku wis dilaksanakna, naming nyatane terancam gagal kabeh.”
Pak Bejo ijig-ijig nyusul bu Inem maring
kamar.
‘lawang
pager wis ditutup, bu? Ya wis sare bae. Ben supir-supir lan pembantu-pembantu
iku maem maeman sing ana.”
Bu
Inem nangis. “kayane kabeh wong wis ngerti nek penjenengan korupsi, pak.” “lah
ben bu. Sing penting ora arep ana proses hokum sing bisa ngadili kabeh
koruptor kaya aku. Nek dewek didohi nang
negeri iki, esih ana panggonan nggo urip nyaman nang luar negeri. Aku bisa melu
kabeh pada seniorku sing saiki urip nyaman nang luar negeri.”
ESUKE,
ana laying undangan sekang pak Amin. “Pak Amin ngadakna syukuran? Anu tes olih
rejeki sekang ngendi tukang becak kae?” pak Bejo katon gumun. Pak Bejo ngerti,
pak Amin ndina-ndina dadi tukang becak. Daleme nang sebrang lemah kosong,
sebelah wetan, sing aben dina diliwati nek arep tindak lan kondur kantor.
Daleme pak Amin tipe biasa.
Kambi
rasa sing pengin ramah-tamah maring tetangga, pak Bejo gelem ngrawuhi undangan
pak Amin. Pak Bejo tekan nang daleme pak Amin tepat jam. Lan pak Bejo gumun,
sebab latar daleme pak Amin wis dikebaki nang tamu undangan.
Wajah
pak Amin nyenengna pas salaman kambi pak Bejo. “ngapunten, pak. Monggo lenggah.
Panggonane reget.” Ngendikane pak Amin kambi nunjuk selembar karpet sing
kapeksan digelar nang pinggir dalan, sebab kabeh kursi wis dilenggahi nang
tamu.
Kambi
abot ati, pak Bejo lenggah lesehan nang nduwur karpet, dadine padharane sing
gendut rasane pegel. Pantate uga rasane nyeri, sebab aspal sing nang ngisor
karpet ora rata. Dela bae, pak Amin lenggah nang jejere pak Modin sing ditunjuk
nggo dadi pemimpin doa bareng. Lan sedurunge doa, pak Modin njelasna nek pak
Amin ngadakna syukuran sederhana iku sebab wis mampu mundhut becak anyar.
Lah
seuwise doa bareng, dhaharan sing dihidangna nyatane gur sepiring sega goring
lan segelas the legi. Kabeh para rawuh nikmati dharan syukuran sing bangete
sederhan iku.
Pak
Bejo katon jeleh lan pengin mutah, pas nembe ndahar sesendok sega goring sing
ora ana rasane iku. Naming, anehe, wajah kabeh para rawuh nyenengna nikmati
sega goreng iku.
karya : dede navoliani
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
terimakasih atas komentar yang anda berikan